Daftar isi :
1. Bahan Panyuraos Kitab Suci Minggu 1……… hal. 1 – 2
2. Bahan Panyuraos Kitab Suci Minggu 2……… hal. 3 – 4
3. Bahan Panyuraos Kitab Suci Minggu 3……… hal. 5 – 6
4. Bahan Panyuraos Kitab Suci Minggu 4……… hal. 7 – 8
REDAKSI
Dalan Adi Murih Ati Rahayu
(Jalan yang Benar Supaya Hati Tentram)
Diterbitkan oleh:
Komisi Pemahaman Alkitab
Gereja Kristen Jawa Danukusuman.
Penanggung jawab : Majelis GKJ Danukusuman.
Majelis Pendamping Komisi PA : Ibu Tabita Titiek Herlina, S.Th
Ketua : Ibu Partini Sangadi, A.Md.
Sekretaris : Ibu Rahayu Trikorayati, S.Pd.
Bendahara : Ibu Maria Warsi Suharno, S.Th.
Anggota : Bp. Mariman Darmo Tenoyo.
Ibu Marieti Debyora Gardiana, S.Si.
Arsip
Label Cloud
By Komisi Multimedia
Waosan 1. Para Rasul 8 : 26 – 40.
2. Jabur 22 : 25 – 31.
3. I Yokanan 4 : 7 – 21.
4. Yokanan 15 : 1 – 8.
Cathetan: waosan angka 1-3 cekap kawaos ing ndalem, dene ingkang dados kawigatosan inggih menika waosan ingkang angka 4. Nuwun.
Menapa kita sampun madeg pasamuwan ingkang tinarbuka?
Gancaran/ katrangan:
Adeging pasamuwan menika tetalesipun pakaryaning Sang Roh Suci. Manungsa kaagem dening Panjenengan dados lantaran tata gesanging pasamuwan saged lumampah kanthi rancag lan prayogi. Mila wonten ing piwucaling pasamuwan GKJ (PPAG) adeging pasamuwan menika kedadosan saking 2 sisih inggih menika sisih kaalahan lan sisih kamanungsan. Eman sanget menawi pasamuwan kagunganipun Sang Kristus menika lajeng nilar karsanipun, lajeng ingkang dipun tengenaken namung pikajenging kamanungsan. Tundhanipun gampil sanget pasamuwan rengka, crah jalaran pikajeng-pikajeng kamanungsan kasebat. Menapa kawontenan mekaten menika leres?
Miturut waosan samangke, mboten prayogi menawi pasamuwan menika rengka awit pasamuwan mboten saged ngudi tentrem rahayu. Mila waosan samangke ngewrat prekawis ingkang prelu kita gatosaken sesarengan, ing antawisipun:
1. Bilih Gusti Yesus menika wit anggur ingkang sejati (pokok anggur). Menawi Yesus menika wit anggur, ateges pang ingkang sami tumempel menika badhe kailenan dayaning gesang. Liripun Panjenenganipun minangka sumbering gesang, berkah, daya kekiyatan, kawasisan ndayani gesanging pasamuwan prayogi. Kedahipun pasamuwan nglenggana tanpa daya gesang utawi daya kekiyatan saking Sang Wit Anggur Sejati menika, pasamuwan nemahi karisakan.
2. Bilih Gusti Allah menika among taninipun (pengusaha). Among tani ing ngriki tegesipun ingkang kagungan, ingkang kuwaos bab pakebonan. Liripun bilih Gusti Allah kuwaos nemtokaken samukawis tumrap gesanging wit anggur kasebat, mliginipun pang-pang ingkang tumempel. Pang ingkang mboten ngedalaken woh, badhe kapagas lan kabucal. Kosok wangsulipun pang ingkang ngedalaken woh, badhe karimat kanthi prayogi supados ngrebda wohipun.
Gusti Yesus kagambaraken wit anggur sejati, Gusti Allah (Sang Rama) minangka among tani (pengusaha), pasamuwan minangka pang ingkang tumempel ingkang Gusti Yesus lan ugi pang ingkang dipun kuwaosi dening Gusti Allah. Menika ateges menawi pasamuwan menika nglenggana bilih Panjenenganipun sumbering gesang, mila pasamuwan kedah mbangun miturut lan masrahaken dhiri ing bab pangrimating Gusti. Pasamuwan menika kedah ngedalaken woh ingkang mutunipun sae, amargi menawi mboten sae badhe kapagas saking wit anggur ingkang sejati. Prekawisipun samangke, kados pundi supados pasamuwan saged ngrebda wohipun?
Wonten ing Para Rasul 8:26-40 kacariyosaken Filipus (salah satunggaling priyayi saking pasamuwan Yerusalem ingkang kapiji dados pelados mirunggan, juru pamulasara, kawentar penginjil; mirsanana Para Rasul 6:5) kasil anggenipun nepangaken priyagung saking Etiopia dhumateng Gusti Yesus Kristus. Kawiwitan saking anggenipun manggihi priyagung, nggelar Injil lan tundhanipun nindakaken pambaptisan. Injil ingkang kados menapa ingkang prelu dipun gelar? Paseksining I Yokanan 4:7-21 ngewrat wartos kabingahan ingkang prelu dipun gatosaken jagad, dene pakaryanipun Sang Kristus menika ngrukunaken malih manungsa kaliyan Gusti Allah mekaten ugi manungsa kaliyan manungsa.
Ngedalaken woh ingkang dados titikan pasamuwan minangka pang ingkang sae ing jaman samangke, mboten lajeng mbaptisi tiyang sanes tanpa kawicaksanan utawi namung nengenaken gunggunging tiyang Kristen tanpa metang mutu. Jaman samangke ugi mboten saged meksa satunggaling kayakinan dhateng tiyang sanes. Nanging anggen pasamuwan tinarbuka mbabar lan mujudnyatakaken sihipun Sang Kristus ingkang sampun dipun tampeni menika dados sarana nggelar Injil. Mila saking pengalamanipun Filipus: anggenipun purun nindakaken Gusti manggihi tiyang ngamanca, wawan rembag ingkang ugi ateges mbangun kekadangan kaliyan tiyang ngamanca, menika ingkang prelu dipun udi dening pasamuwan. Mugi kita kasagedaken saya tinarbuka mangertosi karsanipun Sang Wit Anggur Sejati lan ugi saya tinarbuka nggelar Injil kanthi tumindak nyata. Mugi Gusti mberkahi. Amin.
Pitakenan:
1. Menapa tegesipun pangandika ing ayat 1: “Aku iki wit anggur kang sejati”? Kaparingana andharan.
2. Ing ayat 2 dipun pratelakaken: “Saben pang kang ana ing Aku kang ora metu wohe, dipagas...”. Miturut panjenengan menapa maknanipun? Menapa ateges tiyang/ pasamuwan/ sedherek patunggilan kita ingkang mboten ngedalaken woh dening Gusti lajeng kapagas/ kabucal mekaten kemawon? (kacundhukna kaliyan kayakinan bilih Gusti Allah sae, mboten badhe nyilakani/ njlomprongaken umatipun).
3. Menapa ingkang prelu dipun udi pasamuwan supados dados pasamuwan ingkang tinarbuka?
4. Piwucal menapa ingkang saged panjenengan pethik saking waosan samangke?
Bausastra:
Rancag : enggal rampung.
Rengka : benthet arep bengkah, ora jenjem, ora tentrem.
Lir (liripun) : tegese, karepe.
Ngrebda : mundhak-mundhak.
Juru pamulasara : dhiaken (pulasara: diopeni kanthi becik).
Waosan 1. Para Rasul 4 : 5 – 12.
2. Jabur 23.
3. I Yokanan 3 : 16 – 24.
4. Yokanan 10 : 11 – 18.
Cathetan: waosan angka 1-3 cekap kawaos ing ndalem, dene ingkang dados kawigatosan inggih menika waosan ingkang angka 4. Nuwun.
Gesang wonten ing regemaning Sang Pangen Sejati
Gancaran/ katrangan:
Pangen menika satunggaling pakaryan ingkang mbetahaken ketelatosan, kasabaran, katemenan, kakendelan saha katresnan. Menawi mboten mekaten, menda ingkang dipun engen menika saged sakit, ical, kapandung menapa dene pejah. Mila pangen menika asring dipun dadosaken gambaran tumrap pakaryan ingkang mbetahaken sikep telatos, sabar, temen, kendel lan sapiturutipun.
Kados ingkang kaserat wonten ing Injil Yokanan 10, Gusti Yesus kagambaraken dados Pangen. Amargi, Panjenenganipun mapanaken sarira minangka Sang Pangen ingkang kebak ketelatosan, kasabaran, katemenan, kakendelan lan katresnan. Buktinipun menapa? Samboten-mbotenipun wonten 2 prekawis ingkang perlu kita gatosaken sesarengan saking waosan samangke:
1. Panjenenganipun mbelani, ngayomi, ngaubi menda-mendanipun saking sawernining bebaya pangancam sinaosa kedah ngurbanaken sarira (ayat 11-13). Panjenenganipun jumeneng Pangen ugi Gusti sanes berah (Gusti ing ngriki manut pangertosan Basa Indonesia ingkang ateges ‘tuan’ sanes ‘Tuhan'). Mila sarehning Panjenenganipun menika Sang Pangen piyambak ugi Gusti ingkang kagungan/ darbeki menda-menda, Panjenenganipun karsa ngulungaken sarira murih mendanipun saged gesang kanthi prayogi, wilujeng, raharja nir ing bebaya.
2. Panjenenganipun Pangen ingkang gemati (ayat 14-15). Panjenenganipun tepang, pirsa, setiti bab mendanipun setunggal mbaka setunggal. Tepang, pirsa, wanuh dhateng mendanipun saged kelampahan jalaran Panjenenganipun nggatosaken setunggal mbaka setunggal kawontenan, kabetahan, prekawis, ruwed-renteng menda kagunganipun. Menda ingkang semplah nglokro dipun bereg, menda ingkang nriwal dipun giring wangsul, menda ingkang kerapan dipun cekapi lan sapiturutipun.
Underan saking 2 prekawis kasebat inggih menika menda kagunganipun mboten badhe musna kamangsa bebaya pangancam. Kejawi menika menda kagunganipun mboten badhe sangsara, jalaran Sang Pangen gemati dhateng menda-mendanipun.
Sedaya tiyang ingkang pitados dhateng Gusti menika kasebat menda kagunganipun. Minangka mendanipun Gusti kedahipun kita ngudi gesang ingkang mekaten:
a. Mboten perlu ajrih, sumelang, kuwatos, semplah, nglokro nalika nemahi bebaya pangancam kados menapa kemawon. Sinaosa bebaya menika njalari pati, nanging sampun ngantos kecalan kapitadosan sekedhik kemawon.
Kita saged nyinau kakendelanipun Petrus lan Yokanan ing sangajenging pangadilan Agami Yahudi awit sami ngugemi bilih Sang Pangen Sejati mbelani lan ngayomi para rasul saha ngluwari para rasul saking bebaya pangancam (mirsanana Para Rasul 4:5-12).
b. Nglenggana ing sih rahmat, panunggil, berkahipun Sang Pangen ingkang kebabar ing gesang kita. Sarehning Panjenenganipun Pangen ingkang gemati, Panjenenganipun temtu mbabar berkah sih rahmat ingkang nyata lan mbok menawi benten-benten tumrap menda setunggal lan setunggalipun manut kabetahaning menda kasebat (mirsanana Jabur 23). Kanthi kayakinan ingkang mekaten menika mboten badhe njalari semplah, nglokro, pepes kapitadosan; nanging malah njalari menda-mendanipun tumindak leres saha sae (mirsanana I Yokanan 3:16-24).
Kanthi pangandika ingkang kita suraos samangke, mangga kita yakin kanthi temen-temen bilih Yesus Kristus menika estu Pangen ingkang Sejati. Mugi Gusti mberkahi. Amin.
Pitakenan:
1. a. Menapa tegesipun “Aku iki Pangon kang utama” ing ayat 11?
b. Gusti Yesus nyebat Penjenenganipun menika Pangen ingkang Utami. Miturut panjenengan, menapa wonten pangen sanes ingkang saged dipun endelaken manungsa lan mboten mbekta dhateng kawilujengan? Contonipun menapa?
Cathetan: pitakenan kasebat kadamel babar pisan mboten badhe nggepok agami sanes, mila pirembagan mboten perlu ngrembag agami sanes!!!
2. Menapa ingkang panjenengan tindakaken nalika nemahi bebaya pangancam ingkang nggegirisi ing gesang panjenengan? Kaparingana andharan.
3. Menapa panjenengan pitados bilih Yesus Sang Pangen menika ngayomi lan mberkahi panjenengan? Buktinipun menapa? Kaparingana andharan.
4. Piwucal menapa ingkang saged panjenengan pethik saking waosan samangke?
Bausastra:
Ngriki : kene (mriki: mrene)
Kapandung : dicolong.
Musna : ilang.
Utama, utami : becik, linuwih.
Nggepok : ndumuk, ngenani.
Damar
Dalan Adi Murih Ati Rahayu
(Jalan yang Benar Supaya Hati Tentram)
Diterbitkan oleh:
Komisi Pemahaman Alkitab
Gereja Kristen Jawa Danukusuman.
Penanggung jawab : Majelis GKJ Danukusuman.
Majelis Pendamping Komisi PA : Ibu Tabita Titiek Herlina, S.Th
Ketua : Ibu Partini Sangadi, A.Md.
Sekretaris : Ibu Rahayu Trikorayati, S.Pd.
Bendahara : Ibu Maria Warsi Suharno, S.Th.
Anggota : Bp. Mariman Darmo Tenoyo.
Ibu Marieti Debyora Gardiana, S.Si.